PPDB

PENDIDIKAN..... SDN1KARANGSENTUL......BERILMU, BERKUALITAS, BERLANDASKAN IMAN ----------:SDN1Karangsentul.com......Informasi Pengetahuan Populer,dan Edukatif

X

...

Selasa, 26 November 2013

[Basa Banyumasan] Nonton Lengger

Lengger kuwe salah sijining seni kabudayan ana ning Banyumas sing esih tetep lestari. lengger jere asale sekang tembung leng lan jengger. Leng kuwe nduwe makna wadon lah nek jengger utawane angger kuwe artine wong lanan. Dadi lengger kuwe wong lanang apa wong wadon?

Kahanane panggung Seni Banyumasan / dok. pribadi

Jaman gemiyen lengger kuwe asline wong lanang ning di dandani kaya wong wadon ning malah katon ayune pisan. Nek sekiye lengger lanang wis jarang banget nang banyumas sing akeh ya lengger kuwe wong wadon sing ayu.

Winginane dina Senen, tanggal 25 Nopember ana tontonan lengger nang gone pak Drajat akunden. Sing nonton akeh pisan lan tek deleng banene malah sing nonton kuwe wong adoh-adoh. Merga penasaran inyong takon karo bakul plendungan, “ana acara apa kie lik?” banjur njawab kanti cetha “kiye lagi ana kunjungan budaya saking seniman lan budayawan Sukoharjo” jerene kaki karta sing agi ngladeni bocah tuku plendungan.

Banjur inyong merek maring pendopo, sindene agi nyanyi sekar gadung de iringi tabuhan sing kepenak banget. Jan digawa ngibing kayong kepenak banget kayanen. Lenggere gole njoget kayong kepenak banget.

“Sekar gadung… sekare gadung … gadunge samayang-mayang,
tenimbang bingung gawe gawe gembira…
elingana budayane bangsa.. banyumasa bisa nggawe bungah…
sekar gadung… sekare gadung… “

Kahanen ramene nonton lengger banyumasan / dok. pribadi

Inyong banjur nonton nang ngarep panggung lan dopokan karo sakiwe tengene. Jebule lenggere anu nggo nyambut tamu sekang Sukoharjo. “Anane lengger lan calung banyumasan kuwe nggo Nguri-nguri budaya Banyumasan” jerene salah sijining pamong budaya banyumas.

Tontonan Calung banyumasan lan lengger nang Pendapa Pakunden katon rame pisan nandakna sukses acarane. Rencanane rombongan saking sukoharjo arep nginep nang klentheng Banyumas lan uga arep ana dopokan mbahas kesenian lan kabudayan nang Pendopo Yudanegaran Banyumas.

#Sinau Nulis Basa Jawa Banyumasan, nek akeh salahe ya njaluk pengapura

sumber : http://sosbud.kompasiana.com/2013/11/26/basa-banyumasan-nonton-lengger-pakunden-613148.html


Tidak ada komentar: